Selasa, 23 Desember 2014

Posted by Unknown On 09.19
ANTEPING TEKAD

Wosing cariyos dhaupipun abdi kaliyan bendharanipun. Wiwit Irah menika abdi ingkang pinter lan prigel. Dene Sundoro uga pinter. Dene lelampahan cariyos menika inggih mekaten.
            Sonten menika Bapak lan Ibu Sutarna suweg sami lelenggahan. Dene putranipun Sucahya dolanan kaliyan Gimin. Boten dangu Irah abdinipun enggal ngladosaken unjukan lan nyamikan. Dalunipun Bu Sutarna nata papan patileman kaliyan Mbok Yem. Amergi Pak Semeru badhe rawuh kaliyan putranipun , inggih menika Sundara lan inggih pepacanganipun Sundara, menika Utami.
            Irah menika sampun lulus SMP lan mboten saged nerusaken amargi boten saged dipunbiyayani tiyang sepuhipun. Dening Bapakipun Irah badhe dipun kramakaken kaliyan Kalijo. Ananging Irah mboten kersa, lajeng kesah saking griya. Nalika dumugi ing Bogor kepanggih Tati, putrinipun Bu sudibyo. Lajeng  dipundut abdi dening Bu Sutarna, wiwit menika Irah badhe ngempalaken arta kagem nglajengaken sekolah.
            Ing suwijining dinten, Irah kedah ngladosaken unjukan kagem kanca-kancanipun Sundoro. Nalika ngulungaken radi dredge, lajeng dipuncepengi  Sukri, kancanipun Sundoro. Sukri menika ingkang ngitun serat dhateng Irah.  Bab katresnan, ananging Irah mboten kersa.
            Nalika griya sepi, awit Pak Tarna lan Bu Tarna tindak layat Supriyo. Ing griya namung woten Sundoro lan para abdi. Mbok Yem matur bab lamaranipun Gimin, Irah mboten sagah.
            Mbiten dangu, Sundoro nyuwun dipundamelaken unjukan Jeruk.Ljeng dipun ladosaken ing kamar. Ing kamar, Sundoro ngaturaken  raos tresnanipun marang Irah. Irah lajeng ngrangkul sukunipun Sundoro tanpa nimbangi katresnanipun. Gimin lajeng mlebet kamar nimbali Irah. Lajeng dipundukani Sundoro.
            Sundoro lajeng kintun serat dating Irah, dipun swun kondur mawon awit Sundoro mboten kiyat ningali Irah ngladosi kaluwarganipun. Serat dipun kintun kaliyan mboten supe arta 500ewu.  Lajeng Irah utawi Indiah wangsul sasampunipun matur kaliyan Ny, Sutarna bab katresnanipun marang Sundoro.
            Indiah lajeng pikantok padamelan enggal ing griyaipun Dr. Sujoko wonten ing Jakarta. Ing mrika wonten Suparno, adhinipun Dr, Sujoko. Dening Dr. Sujoko, Indiah kapareng nglajengaken sekolah SMA.
            Ing sawijining dinten Indiah tumut nguntapake Dr, Sukojo ingkang badhe tindak luar negeri wonten ing Bandara. Teng ngrika kepanggih Sundoro kaliyan Utami ingkang badhe nglajengaken sekolah, lajeng sami salaman. Dene Utami ngaturaken panuwun datheng Indiah.
            Boten angu Ny. Sujoko babaraken. Dene Suparno  nyawisaken kangge kongres sedunianipun.  Indiah sekolah malih, lajeng kepanggih kanca-kancanipun. Ugi kepanggih Suwandono tiyang jaler ingkang nate dipun tresnani. Suwandono menika sedulur ipenipun Sukri.
            Nalika Suparno wangsul, bekta tigang paket saking Amerika, Indiah angsal setunggal paket saking Utami. Utami ngintun serat bilih piyambakipun sampun ngandhut kalih wulan.

            Mboten dangu pikantuk serat malih ingkang ngabaraken bilih utami seda.  Dene putranipun kakung, mboten dangu Sundoro rawuh dalemipun Dr. Sujoko. Ingkang wusananipun Indiah lan Sundoro krama.

0 komentar:

Posting Komentar